Rumekso
ingsun, laku
nisto ngoyo woro,
Kelawan
mekak howo,
howo
kang dur angkoro
Senajan
setan gentayangan,
tansah
gawe rubedo,
Hinggo
pupuseng jaman.
Hametek
ingsun, nyirep geni wiso murko,
Memperhardo
ning ponco,
saben
ulesing nitro
Linembaran
seh kawelasan,
ingkang
paring kamulyan,
Sanghyang
jati pengeran
Jiwanggo
kalbu samudro pepudoneng laku,
Tumuju
dateng gusti,
dzat
kang amurbo dumadi
Manunggaling
kawulo gusti,
Krentek ati
bakal dumadi,
Mukti ingsun
tanpo piranti.
Sumebyar
ing sukmo, madusarineng perwito,
Maniko
warno prodo, mbangun projo sampurno,
Sengkolo
tibo mukso, kolobendu nyoto sirno,
Tyasing
roso mardiko,
Mugiyo
den sedyo, pusoko kalimosodo,
Yekti
dadi mustiko, sajroneng jiwo rogo,
Bejo
mulyo waskito, dekdoyo bowo leksono,
Byar
manjeng sigro sigro
Ampuh
sepuh wutuh, tan keno iso paneluh,
Gagah
bengah sumringah, ndadar ing wayah - wayah
Satrio
toto sembodo, wirotomo katon sewu kartiko,
Ketaman
wahyu kolosebo
Memuji
ingsun, kanthi suwito linuhung,
Segoro
gondho arum, swuh rep dupo kumelun,
Ginulah
niat ingsun, hangidung sabdo kang luhur,
Titahing
sanghyang agung,
Rembeseng
tresno, tondo luhing nitro roso,
Roso
rasaning ati, kadyo tirto kang suci
Kawistoro
jopo montro, kondang dadi pepadang,
Palilahing
sanghyang wenang,
Nowodewo
jawoto, talisantiko bawono,
Prasido
sidikoro, ing sasono asmoro loyo
Sri
narendro kolosebo, winisudo ing gegono,
Datan
gingsir sewu warso
Tidak ada komentar:
Posting Komentar